

Ganti carita, duk rikala semana ing tanah Jawa ana negara kang misuwur gemah ripah loh jinawi tata tentrem karta raharja, kang aran Medhangkamulan.Ratuné ajejuluk Prabu Déwatacengkar, sawijining ratu kang luhur bebudèné lan wicaksana. Sawijining dina, juru masak keraton ngalami kacilakan, drijiné kepapras lading nganti tugel. Ki Juru Masak ora nglegéwa menawa tugelan drijiné nyemplung ana daharan kang kacawisaké ing ngarsané Sang Prabu. Nalika ora sengaja ndhahar tugelan driji mau, Sang Prabu rumangsa ndhahar daging kang énak banget rasané, banjur ngutus patihé ndangu Ki Juru Masak. Sawisé ngerti yèn sing didhahar mau daging menungsa, Sang Prabu banjur ngutus Sang Patih supaya saben ndina ngaturaké salah siji rakyaté kanggo daharané. Wiwit kedadéyan kuwi Prabu Déwatacengkar duwé kekareman kang banget nggegirisi, yakuwi ndhahar daging menungsa. Wewatekané malik grémbyang, malih dadi wengis lan seneng tumindak deksura. Negara Medhangkamulan malih dadi wewengkon kang wingit lan sepi awit kawulané siji mbaka siji kamangsa dèning ratuné, sisané mlayu mburu slamet. Sang Patih judeg pikiré awit wis ora ana manèh kawula kang bisa kacaosaké marang ratuné.


Kabar pralayané Dora lan Sembada kepireng dèning Sang Prabu Ajisaka. Getun banget penggalihé sang Prabu ngelingi kasetyané punggawa kinasihé. Rasa sungkawané anjalari sang Prabu ngripta aksara minangka pepéling marang paraga kinasihé, kang uniné mangkéné:
ka pepéling marang paraga kinasihé, kang uniné mangkéné:
|
Ha | Na | Ca | Ra | Ka |
Ana utusan (ada utusan) | ||||
Da | Ta | Sa | Wa | La |
Padha kekerengan (saling berselisih pendapat) | ||||
Pa | Dha | Ja | Ya | Nya |
Padha digdayané (sama-sama sakti) | ||||
Ma | Ga | Ba | Tha | Nga |
Padha dadi bathangé (sama-sama mejadi mayat) |